Kamis, 10 Januari 2013


0

RON GARING
Wengi sansaya atis
nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
kang digawa dening angin

prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring

aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagatku

ana ngendi papanmu
lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara

aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan

krasa luwih abot
anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku ora mantep

kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu
pendhut ing sakindering pandulu

panjenengan
guruku, sihku, oborku
kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.
Budhi setyawan
Sepining sepi 
sepi ning sepi ora sepi
amerga isih ana swara dhag dhig dhug
jantung kang tansah mung sapuluk
embuh kapan bakal dumadi sepi
ing dina iki
aku arep nyepi
amerga urip pancen ora sepi
nanging ora ana alane
aku lan kowe sinau nyepi
sadurunge dumadi sepi
murih ketemu Gusti
Sastradipati 16 maret 2010

Aluamah
wis kebacut dadi mungsuhe setan
manungsa urip tansah diemong dening nepsu
sing tansah apus-apusan
putih dadi katon biru
mula aja gampang kapusan
marang wernaning mega
asale putih banjur dadi klawu
donya melu peteng
ati uga isa dadi peteng
kaya gua katutup watu
aku arep siau maca
sajroning peteng
senajan bisa bingung
ning petengan
murih katresnan-Mu
Sastradipati 16 maret 2010

0 komentar:

Posting Komentar